Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 22 23 24 Kirtya Basa: Uji Kompetensi Wulangan 1, Rekayasa Uwuh

- 28 Maret 2024, 10:24 WIB
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 22 23
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 22 23 /Pexels.com / Angela Roma/

INIPURWOREJO.COM - Dalam pembelajaran kunci jawaban Bahasa Jawa kelas 9 halaman 22 23 menampilkan materi yang krusial dalam memahami konsep dan kunci jawaban.

Hal ini tidak hanya memberikan wawasan mendalam tentang bahasa Jawa, tetapi juga mengasah kemampuan siswa dalam memahami dan menganalisis teks.

Kunci jawaban yang terdapat di halaman tersebut menjadi panduan bagi siswa untuk mengukur pemahaman mereka terhadap materi yang diajarkan.

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 4 Halaman 8 Pilihan Ganda: Gamelan lan Tembang Jawa

Dengan memahami kunci jawaban tersebut, siswa dapat mengevaluasi kemampuan mereka dalam memecahkan masalah dan menerapkan konsep-konsep yang telah dipelajari.

Artikel ini akan memberikan wawasan tentang bagaimana halaman 22 dan 23 dapat menjadi sumber belajar yang berharga dalam pengembangan kemampuan bahasa Jawa siswa.

Soal

Gatekna wacan ing ngisor iki!

Rekayasa Uwuh

Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwung sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang, didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos.

Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah, sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.

A. Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan kang bener!

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur ….

a. jinise uwuh
b. rekayasa uwuh
c. paedahe uwuh
d. bebayane uwuh

Kunci Jawaban: b. Rekayasa uwuh

2. Uwuh bisa kaperang dadi ….

a. 2
b. 3
c. 4
d. 5

Kunci Jawaban: a. 2

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 4 Halaman 12, Tantri Basa Gladhen 2: Njlentrehake Struktur Teks Geguritan

3. Uwuh organik bisa diolah dadi ….

a. kompos
b. bahan urugan
c. fosil
d. watu akik

Kunci Jawaban: a. Kompos

4. Plastik, wesi, kaca kalebu uwuh ….

a. organik
b. anorganik
c. campuran
d. Gas

Kunci Jawaban: b. Anorganik

5. Uwuh sing ora diopeni kanthi becik bakal nuwuhake sakehing masalah kajaba….

a. ambu ora enak
b. lelara
c. reretu
d. kompos

Kunci Jawaban: d. Kompos

6. ’’Simbah arep lunga menyang endi?” ukara kasebut yen diowahi dadi basa krama alus ….

a. Simbah arep tindak menyang endi?
b. Simbah arep kesah menyang endi?
c. Simbah badhe kesah menyang pundi?
d. Simbah badhe tindak dhateng pundi?

Kunci Jawaban: d. Simbah badhe tindak dhateng pundi?

7. ”Uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna.” rekayasa dasanamane ….

a. usaha
b. budidaya
c. milihi
d. polah gawe

Kunci Jawaban: b. Budidaya

Soal nomor 8

Kunci Jawaban: D

9. Ukara aksara Jawa iki unine….

a. Surat paniya pada sinau nulis.
b. Surati paniyah padha sinau nulis Jawa.
c. Surati,faniyah padha sinau nulis Jawa.
d. Surat,fani iya pada sinau nulis.

Kunci Jawaban: c. Surati, faniyah padha sinau nulis Jawa.

10.Yen nulis angka Jawa lumrahe migunakake….

a. pada pangkat
b. pada lungsi
c. pada lingsa
d. adeg-adeg

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 9 Halaman 18 Gladhen: Ukara Ing Ngisor Iki Tulisen Nganggo Aksara Jawa

Kunci Jawaban: a. Pada pangkat

B.Wangsulana pitakon ngisor iki kanthi patitis!

1. Kepriye struktur teks ing wacan laporan asil observasi? Terangna tegese!

Kunci Jawaban:

Struktur teks ing wacan laporan asil observasi yaiku dhefinisi umum (identifikasi) yaiku perangan sing nerangake titikan barang lan sapanunggalane. Dheskripsi bagean (klarifikasi) yaiku perangan sing mantha-mantha manut jenise. Dheskripsi manfaat yaiku perangane sing mujudake simpulan saka teks.

2. Lumrahe perangan dheskripsi manfaat ing teks laporan asil observasi iku dumunung ing paragrap/pada pira?

Kunci Jawaban:

Lumrahe perangan dheskripsi manfaat ana ing paragraf 3 lan 4.

3. Wacanen maneh teks ”Rekayasa Uwuh “ ing dhuwur, banjur jlentrehna struktur teks kaya tuladha sing wis kosinaoni kanthi nulisake ukara-ukarane!

Kunci Jawaban:

Struktur teks “Rekayasa Uwuh” yaiku irah irahan: rekayasa uwuh, dhefinisi umum: paragraf 1, dheskripsi bageyan: nggunakake teknologi lan barang kerajinan, lan dheskripsi manfaat: nggunakake uwuh nganti akhir.

4. Ukara ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa kanthi bener!

Dina Kebangkitan Nasional iku dipengeti saben tanggal 20 Oktober. Para siswa kelas 7, 8, lan 9 padha nindakake upacara. Sasekolahan panyarta upacara mau cacahe udakara 200 siswa. Ditambah para guru lan tata usaha ana 300 wong.

Kunci Jawaban:

꧋ꦣꦶꦤꦏꦼꦧꦁꦏꦶꦠꦤ꧀ꦤꦱꦶꦪꦺꦴꦤꦭ꧀ꦆꦏꦸꦣꦶꦥꦼꦔꦼꦠꦶꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧒꧐꧇ꦎꦏ꧀ꦠꦺꦴꦧꦼꦂ꧉ꦥꦫꦱꦶꦱ꧀ꦮꦏꦼꦭꦱ꧀꧇꧗꧇꧈꧇꧘꧇꧈ꦭꦤ꧀꧇꧙꧇ꦥꦣꦤꦶꦤ꧀ꦝꦏꦏꦺꦈꦥꦕꦫ꧉ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦲꦤ꧀ꦥꦚꦂꦠꦈꦥꦕꦫꦩꦻꦴꦕꦕꦲꦺꦈꦣꦏꦫꦤ꧀꧇꧒꧐꧐꧇ꦱꦶꦱ꧀ꦮ꧉ꦣꦶꦠꦩ꧀ꦧꦃꦥꦫꦒꦸꦫꦸꦭꦤ꧀ꦠꦠꦈꦱꦲꦄꦤ꧇꧓꧐꧐꧇ꦮꦺꦴꦁ꧉

5. Ukara aksara Jawa kuwi gantinen ing aksara Latin!

Kunci Jawaban:

Saben tanggal 10 nopember tansah dipengeti dina pahlawan

Baca Juga: Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5 Semester 1 Kurikulum Merdeka, Pilihan Ganda dan Esai: Cerita Rakyat

Dengan memahami kunci jawaban Bahasa Jawa untuk siswa kelas 9, mereka dapat meningkatkan keterampilan bahasa Jawa mereka secara signifikan.

Hal ini membantu mereka dalam menguasai materi dengan lebih baik dan meningkatkan kemampuan mereka dalam mengkomunikasikan ide dan pemikiran dalam bahasa Jawa dengan lebih lancar.

Selain itu, pemahaman terhadap kunci jawaban juga membantu siswa dalam mempersiapkan diri untuk ujian dan evaluasi lainnya.

Dengan demikian, halaman 22 dan 23 menjadi sumber belajar yang tak ternilai harganya bagi kemajuan akademis dan linguistik siswa kelas 9 dalam bahasa Jawa.***

Editor: Nanik tri rahayu

Sumber: Berbagai Sumber


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah